JOWO BEN ALA SEKOLAH PAKULINAN NGETRAPAKE BUDAYA JAWA
Pasuruan, 4 Oktober 2024. UPT SMP Negeri 1 Pasuruan menggelar apel pakulinan basa Jawa ing Program Jowo Ben. Program iki yaiku program rutin kang dadi kebiasaan ing dina Jumat dening sekolah karo kegiatan sing liyane. Apel dina ini kang kadapuk pembina apel yaiku guru bahasa Jawa, Ibu Djaniati. Nguri-uri basa Jawa dari perkara kang rutin dilakoni ing sekolah iki. Mulai saka pakulinan ngendikan basa Jawa kanggo hubungan kekerabatan antarmurid, guru lan pegawai, sabanjure (1) Pakulinan saben dina Jumat; (2) Migunaake ageman adat Jawa dening murid, guru lan pegawai; (3) Ngendikan basa Jawa nalika sinau ing kelas; (4) Apel migunaake ageman adat Jawa lan ngendikan basa Jawa; (5) Nulis aksara Jawa; (6) Nggambar kabudayan suku Jawa; (7) Podcast basa Jawa; (8) Webinar basa Jawa; (9) Duta basa Jawa; (10) Nyanyi lagu basa Jawa. (11) Nulis buku basa Jawa-ebook. Mulane kuwi, nguri-uri basa Jawa, sumangga digatekake kaliyan sedulur kabeh, supaya anggone remen budaya Jawa amrih ngalami peningkatan kang saestu sae. Sekolah sampun dukung program Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Kota Pasuruan. Lumintu menawi angger ngendikan basa Jawa kang apik lan ngurmati marang sedulur kang diajak ngendikan yaiku ngetrapake unggah-ungguh marang sedulur nom lan sedulur tuwo. Anggone saling ngurmati nyebabake paseduluran tambah kuat. Mula kabeh para sedulur kabeh, ayo, kita nguri-uri basa Jawa ing kehidupan kita lan lingkungan kita. (Tim Jowo Ben)